Nalika ati wis mantep lan karep. Nalika umur wis cukup lan nalika wis
kuat nyandang lan mapan, disunnahke yen wong lanang lan wadon uga-uga
milih sisihan. Nggayuh urip bebrayan hambangun bale wisma kanggo nata
urip.
Ngugemi sunnahing Rosul kuwi mau, satunggaling warga RT.43 kang paring
asma Maya Andriani putrinipun Bpk. Abd. Muin, Ing dina Ahad 4 Nop 2012
nglaksanaake ijab qobul kalian Agus Aprilianto putranipun Bpk. Ngateman
satunggaling perangkat desa Jatikerto kang mbawahi RT 43 RW. 04
Perumahan Kepanjen Permai 2.
Ing adicara sederhana kuwi, ijab qobul dipun pandegani dening Abah Fauzi
kang wus diparingi...